Minggu, 07 Maret 2010

Ojo Lamis

dening: MANTHOUS

Ojo sok gampang

janji wong manis
yen to amung lamis

Becik aluwung prasojo nimas
Ora agawe cuwo

Tansah ngugemi
Tresnamu wingi
Jebul amung lamis

Koyo ngenteni
Thukuling jamur
Ing mongso ketigo

Aku iki prasasat
Loro tan antuk jampi
Mbok ojo mung lamis
Kang uwis dadine banjur didis
Akeh tulodo wong demen cidro
Uripe rekoso

Milih sawiji ngendi kang suci
Tanggung bisa mukti

Kulo aturi midhangetaken " Ojo Lamis "

Monggo meniko Video " KEMPLING " Manthous/Sunyahni

Tidak ada komentar: